Iwa-K

Iwa-K utawi Iwa Kusuma (lair ing Jakarta, 25 Oktober 1970; umur 53 taun). Iwa K punika salah satunggaling penyanyi ingkang gadhah aliran rap ingkang asalipun saking Indonésia. Iwa K punika anak nomer kalih saking sedhérék ingkang cacahipun sekawan. Iwa K sampun ndamel grup rap nalika taksih sekolah wonten ing SMA. Iwa K lajeng misuwur kaliyan uest Band, Macan' Riupasa, Tori Sudarsono, Yudis DwiKorana, Satya "Nti" M & Gustav saha wiwit mlebet studio rekaman. Album ingkang sampun dipunrilis inggih mneika album ingkang irah-irahanipun Tak Kan nalika taun 1989, lajeng album Meliyana Manuhutu 'Beatify' nalika taun (1990) ingkang dipunrilis wonten ing Jepang. Nalika taun 1993, Iwa nedahaken manawi piyambakipun rapper lumantar album kanthi irah-irahan Kuingin Kembali. Sasampunipun satunggal taun, Iwan lajeng pikantuk penghargaan wujud BASF Award saking album kaping kalih kanthi irah-irahan Topeng. Album salajengipun inggih punika Kramotak nalika taun 1996 saha Mesin Imajinasi (1998). Album-album punika sukses ing pasaran. Kajawi dados rapper, Iwa-K ugi dados presenter ulah raga. Iwa K ugi nampa penghargaan saking Panasonic Award tigang taun dangunipun kanthi kategori presenter ulah raga jaler ingkang saé piyambak. Iwa K ugi akting sinétron sha filem.Sinetron ingkang dipunbintangi Iwa K irah-irahanipun BUNG JENDERAL saha filem layar lebar KULDESAK. Sasampunipun pacaran dangunipun tigang taun, Iwa banjur nikah kaliyan Selfi nalika tanggal 4 Mèi 2007. Iwa saha Selvi banjur kolaborasi wonten ing dhuet album kang unik, amarga nggabungaken unsur rap kaliyan dhangdhut. Album punika irah-irahanipun YIN DAN YANG ingkang dipunrilis taun 2009.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search