Kosalya

Kosalya (Sanskerta: कौशल्या, Kauśalyā), yaiku jeneng siji tokoh ing wiracarita Ramayana. Dhèwèké dikenal minangka garwa pisanané Dasarata raja Karajan Kosala kang nglairaké Sri Rama.

Yèn dideleng saka jenengé, Kausalya yaiku putri kang asalé saka Karajan Kosala. Ing kesusastran Hindhu pancèn kerep ana jeneng siji putri ngrujuk marang nagari asal-usule. Tuladhané, Gandari saka Karajan Gandhara utawa Pancali saka Karajan Pancala.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search