Matot, Mattot, Mattoth, utawa Matos (מַּטּוֹת — Ibrani kanggo "suku", tembung kalima, lan tembung distinsif kapisan, ing parsyah kasebut) yaiku wacaan Torèt Saben Minggu (פָּרָשָׁה, parashah) ka-42 ing siklus wacaan Torèt Yahudi taunan lan kasanga ing Kitab Wilangan. Wacaan kasebut ngeliputi Wilangan 30:2-32:42. Wacaan kasebut ngandung hukum sumpah, pangancuran kutha-kutha Midian lan negosiasi suku Ruben lan Gadit kanggo netep ing jaba Israel.
Parsyah kasebut kalebu 5.652 aksara Ibrani, 1.484 tembung Ibrani lan 112 ayat lan isa ngeliputi kira-kira 190 baris ing gulungan Kitab Torèt (סֵפֶר תּוֹרָה, Sefer Torah).[1] Yahudi umume maca iku ing Juli utawa wiwit Agustus.[2] Pananggalan Ibrani srengenge-rembulan kalebu 55 pekan, cacah sing ana beragam antarane 50 ing taun biasa lan 54 utawa 55 ing taun kabinet. Ing taun-taun kabisat (kayata 2019, 2022, 2024, lan 2027), parsyah Matot diwaca kapisah. Ing taun-taun umum (kayata 2018, 2020, 2021, 2023, lan 2026), parsyah Matot dipaduke karo parsyah sawisene, Masei, kanggo entuk cacah sing dibutuhke saak wacaan saben minggu.[3]
{{cite web}}
: More than one of |archivedate=
and |archive-date=
specified (pitulung); More than one of |archiveurl=
and |archive-url=
specified (pitulung)
© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search