Douglas MacArthur (26 Januari 1880 – 5 April 1964) iku sawijining jendral Amérikah Sarékat lan Field Marshal angkatan bersenjata Filipina. Panjenengané iku Kepala Staf Angkatan Darat AS nalika taun 1930-an lan nuli duwé peran wigati sajeroning Perang Donya II. Panjenengané ditugasaké kanggo mimpin invasi menyang Jepang sasi November 1945, lan nuli nampa panyerahan Jepang marang Sakuthu tanggal 2 September 1945.
MacArthur ngurus pendhudhukan Jepang saka taun 1945 tekan taun 1951 lan dianggep duwé jasa nerapaké manéka owah-owahan demokratis. Panjenengané mimpin bala PBB ing Koréa saka taun 1950–1951 nglawan invasi Koréa Lor. MacArthur dicabut saka kalungguhan pamimpin déning présidhèn Harry S. Truman sasi April 1951 amarga nentang kawicaksanan Truman sajeroning Perang Koréa ing sangarepé umum. MacArthur mèlu perang sajeroning telung perang gedhé, Perang Donya I, Perang Donya II, lan Perang Koréa.
© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search