Aksara Batak

Surat Batak disebut uga Surat na Sampulu Sia (Sangalas aksara), Si Sia, utawa Aksara batak iku jeneng aksara sing dipigunakaké kanggo nulis basa Batak ingkang dituturaké ing wilayah masyarakat Batak, Sumatra Lor. Surat Batak isih kerabat karo aksara Nusantara liyané.

Surat Batak nduwé pira-pira varian kanggo nulis enem rumpun Basa Batak, yaiku Batak, Angkola, Batak Karo, Batak Mandailing, Batak Pakpak, Batak Simalungun, lan Batak Toba.

Aksara iki minangka turunan saka aksara Brahmi India liwat prantara aksara Kawi. surat Batak iki aktif dianggo déning masyarakat Batak seorané sejak abad 18 nganti panggunané ngluntur sithik-sithik ana ing abad 20. Aksara iki isih diwulangaké ana ing Sumatra Lor minangka bagéan saka muatan lokal, nanging kanthi panerapan kang diwatesi ana ing panguripan sadina-dina.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search