Alkitab

Alkitab nganggo basa lan aksara Jawa

Alkitab Nasrani utawa kacekak Alkitab yaiku kitab suciné wong Nasrani saperangan dhenominasi kaya ta Kristen Protèstan lan Katulik. Dene, Alkitab Yahudi iku bisa kalebu ing jeroning Alkitab Nasrani awujud Prajanjian Lawas. Alkitab bisa dipérang dadi rong pérangan: Prajanjian Lawas lan Prajanjian Anyar. Pérangan-pérangan utama iku sinebut "Prajanjian" amarga Tuhan bangsa Israèl utawa Yahwé gawé prajanjian. Pisanané iku antarané Nabi Musa karo wong Yahudi lan kang kapindho iku antarané Yesus Kristus karo kabèh umat manungsa.

Mèh kabèh buku Prajanjian Lawas ditulis ing basa Ibrani, kejaba sapérangan pérangan kang ditulis ing basa Aram saka kitab Daniel déné kabèh buku Prajanjian Anyar ditulis ing basa Yunani.

Kanthi dhasar isi lan gaya panulisan, Prajanjian Lawas bisa diklumpukaké dadi 5 pérangan utama ya iku Kitab Torèt (5 kitab), Kitab Sajarah (12 kitab), Kitab Puisi (5 kitab), Kitab Nabi-nabi Gedhé (5 kitab) lan Kitab Nabi-nabi Cilik (12 kitab). Sauntara panglumpukkan kanggo Prajanjian Anyar ya iku Kitab Injil (4 kitab), Kitab Sajarah (1 kitab), Layang-layang Rasuli (21 kitab) lan Kitab Wahyu (1 kitab).

Saliyané iku, wiwit biyèn ana rembugan prekara kanon Alkitab: buku apa waé kang bisa dianggep péranganing Alkitab. Ing abad kaping 3 SM, Alkitab Ibrani utawa Tanakh diterjemahaké ing basa Yunani. Terjemahan iki karan Septuaginta, nanging ngamot sapérangan buku kang ora ana ing vérsi Yahudi. Buku-buku iki mau buku-buku Deuterokanonika.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search