Asem

Asem (kang asring diwakili kanthi rumus umum HA) kanthi umum wujud senyawa kimia kang manawa dilarutaké ing banyu bakal ngasilaké larutan kanthi pH luwih cilik saka 7. Ing dhéfinisi modhérn, asem iku dat kang bisa mènèhi proton (ion H+) marang dat liya (kang karan basa(kimia)), utawa bisa nampa pasangan èlèktron bébas saka siji basa. Réaksi asem karo basa ing réaksi panetralan bakal mbentuk garam. Conto |tuladhané asem yaiku asem asetat (ditemoaké ing cukak) lan asem sulfat (digunaaké ing batré utawa aki montor). Asem lumrahé rasané masem utawa kecut; sanajan mangkono, nyicipi rasa asem, mligi asem pekat, bisa mbebayani lan ora kaprayogakaké.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search