Aswatama

Aswatama

Aswatama iku putrane Drona lan Dewi Wilutama. Wiwit cilik Aswatama ditinggal déning ibune. Aswatama kalatih déning Drona kaya déné Pandhawa lan Kurawa. Dhèwèké éntuk pusaka panah sekti saka ramane, ya iku Panah Cundamanik.

Ing perang Bharatayudha, Aswatama ngerti pokale Prabu Salya kang mbela Pandhawa nalika dadi kusire Adhipati Karna. Dhèwèké nyoba lapur marang Duryodhana, nanging raja Astina iki ora percaya. Aswatama minggat saka Kurusetra.

Ing pungkasane Bharatayudha, Aswatama sesidheman lumebu ing kraton. Dhèwèké matèni kabèh anak-bojone Pandhawa kang isih urip. Pas arep matèni Parekesit, anaké Abimanyu iki mancal keris kang banjur matèni Aswatama.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search