Barack Obama

Barack Hussein Obama II
Présidhèn Amérikah Sarékat angka 44
Linggih
20 Januari 2009 – 20 Januari 2017
Wakil PrésidhènJoe Biden
Kang sadurungéGeorge W. Bush
Kang sawiséDonald Trump
Rerincèn dhiri
Lair4 Agustus 1961
Honolulu, Hawaii, Amérikah Sarékat
BangsaAmérikah Sarékat
Parté pulitikDhémokrat
SisihanMichelle Obama
AgamaKristen
Tandha tangan

Barack Hussein Obama II (lair tanggal 4 Agustus 1961 ing Honolulu, Hawaii) iku minangka Présidhèn Amérikah Sarékat angka 44. Dhèwèké dilantik tanggal 20 Januari 2009 bareng karo wakile, Joe Biden, ing Gedhung Capitol Hill, Washington, D.C., Amérikah Sarékat, nggantèkaké George Walker Bush. Obama dadi kawigatèn donya sawisé sesorah mligi ing Konvensi Nasional Parté Dhémokrat taun 2004, nalika dhèwèké isih dadi Senator Praja Illinois. Dhèwèké dadi wong Afrika-Amérika pisanan sing kasil dadi présidhèn saka Parté Dhémokrat. Ing taun 2009, Obama diumumaké minangka pamenang anugerah Bebungah Nobel Damai amarga promosi diplomasi internasional kanggo mecahaké masalah-masalah internasional.

Barack Obama lair ing Queen's Medical Center, Honolulu, Hawaii, saka bapak ékonom lulusan Universitas Harvard, Barack Hussein Obama, Sr., asal Kenya, Afrika, lan ibu Ann Dunham, saka Wichita, Kansas. Wektu Obama miyos, wong tuwané isih dadi mahasiswa ing Pusat Sinau Etan-Kulon, Universitas Hawaii.

Nalika umur rong taun, wong tuwané pisahan. Bapaké mulih menyang Kenya lan mung ketemu anaké sapisan manèh sadurungé tilar donya ing taun 1982. Ann Dunham banjur krama manèh karo Lolo Soetoro (tilar donya tanggal 2 Maret 1993), uga mahasiswa Pusat Sinau Etan-Kulon saka Indonésia. Ing mangsa ciliké, Barack diceluk nganggo aran Barry. Kulawarga iki banjur pindhah menyang Jakarta, menyang panggonan lairé adhik tiri Obama, Maya Soetoro-Ng. Obama uga duwé sadulur tiri saka bapaké sing krama manèh. Nalika Obama umur 10 taun, dhèwèké bali menyang Hawaii lan diasuh simbahé saka ibu, Madelyn Dunham, banjur déning ibuné disekolahake pisan ing kana supaya olèh pendhidhikan kang luwih apik. Dhèwèké lumebu klas lima ing Punahou School lan lulus kanthi pakurmatan ing taun 1979.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search