Basa Arab

Arab
العربية/عربي
al-ʻarabiyyah/ʻarabī 
Arabic albayancalligraphy.svg
Pronunciation /al ʕarabijja/, /ʕarabi/
Dituturaké ing Nagara-nagara Liga Arab, kaum minoritas ing nagara-nagara Éritréa, Mali, Niger, Kénya, Chad, Sénégal, Sudan Kidul, Étiopia, Iran, Madagaskar, Tanzania, Mozambik, lsp.
Gunggung panutur 290 yuta
Rumpun basa
Sistem tulisan Aksara Arab
Braille Arab
Aksara Suriah (Garshuni)
Aksara Ibrani (Kulawarga basa Yahudi-Arab)
Aksara Yunani (Arab Maron Siprus)
Aksara Latin (Malta, Arab Libanon, Arab Tunisia)
Status resmi
Basa resmi ing Arab Baku Modhèren iku basa resmi 27 nagara, paling akèh katelu sangisoré basa Inggris lan basa Prancis
Regulated by
Kodhe basa
ISO 639-1 ar
ISO 639-2 ara
ISO 639-3 ara
{{{mapalt}}}
     Basa Arab minangka basa resmi siji-sijiné
     Basa Arab minangka salah sawiji basa resmi
     Basa Arab minangka basa resmi minoritas



Basa Arab (اللغة العربية al-lughah al-‘Arabīyyah) iku basa saka kulawarga basa Semitik sing saiki dipituturaké ing Wétan Tengah lan Afrika Lor nanging awalé saka nagara sing saiki diarani Arab Saudi. Cacah panuturé ana wong 225 yuta. Kajaba iku basa Arab uga basa sembahyangan ing agama Islam. Basa Arab kanggo nglampahi sembahyang, kaya ta niyat wudhu, solat, jakat, kaji, ngaturaké donga, lan ngibadah liya-liyané.

Basa Arab nduwèni luwih akèh panutur tinimbang basa-basa liyane ana ing rumpun basa Semit. Basa iki dituturaké déning punjul saka 280 yuta wong minangka basa kapisan (basa ibu), lan wong-wong mau iku kakèhané netep ana ing Timur Tengah lan Afrika Lor. Basa iki minangka basa resmi saka 25 negara, lan minangka basa sembahyangan ana ing agama Islam amarga minangka basa kang dianggo dèning Alquran lan minangka sawijining basa kang kasebut ana ing Alquran.

Adhedasar panyebaran geografisé, basa Arab pacelathon nduwèni akéh variasi dhialèk), pira-pira panutur saka dhialèk iku mau malah ora bisa padha mangertèni panutur kang guna dhialèk liya. Basa Arab Modern diklasifikasikaké minangka siji makro basa kanthi 27 sub-basa ana ing ISO 639-3. Basa Arab Baku (kasebut uga Basa Arab Sastra) diwulangaké kanthi jembar ana ing sekolah lan universitas, sarta digunakaké uga ana ing panggonan makarya, kantor, pamrentahan, lan medhia massa.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search