Basa Kurdhi | ||
---|---|---|
Kurdî / کوردی | ||
Kurdish Language.png | ||
Dituturaké ing | Turki, Irak, Iran, Suriah, Arménia, Azerbaijan, Géorgia | |
Wilayah | Kurdistan, Anatolia, Khorasan | |
Gunggung panutur | C. 20–30 yuta | |
Rumpun basa | Cithakan:Infobox Language/genetic2 | |
Sistem tulisan | Sing digunakaké: Aksara Hawar (Latin script; akèh-akèhé digunakaké ana Turki lan Suriah) Aksara Sorani (Perso-Arabic script; akèh-akèhé digunakaké ana Irak lan Iran) Not used: Aksara Kiril (biyèn Uni Soviyèt) | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | ku
| |
ISO 639-2 | kur
| |
ISO 639-3 | variously: ckb – Basa Kurdhi Tengah kmr – Basa Kurdhi Lor sdh – Basa Kurdhi Kidul |
Basa Kurdhi (کوردی, Kurdî) ya iku siji kontinum saka basa Irania Lor-Kulon kang dituturaké déning wong-wong Kurdhi ing Asia Kulon. Basa Kurdhi nduwé dhialèk cacah telu, ya iku basa Kurdhi Lor (Kurmanji), basa Kurdhi Tengah (Sorani), lan basa Kurdhi Kidul (Pehlewani). Ana siji golongan basa aran Zaza-Gorani kang uga dituturake déning sawatara wong Kurdhi, nanging miturut ngèlmu linguistik ora kalebu basa Kurdhi.[1][2][3][4] Kang anyar dhéwé (wiwit taun 2009), panaliti miyak yèn cacahé panutur asli basa Kurdhi watara 20-30 yuta.[5] Pérangan gedhéning wong Kurdhi nganggo Kurmanji yèn celathon.[6][7]
Karya-karya sastra basa Kurdhi akèh-akèhé wujud geguritan nganti kawiwitan abad 20 nalika karya-karya sastra liyané wiwit ngrembaka. Sapréné, ana rong dhialèk basa Kurdhi tulisan kang baku, ya iku Kurmanji ing pérangan lor wewengkon Kurdhistan, lan Sorani ing pérangan wétan lan kidul. Basa Kurdhi Sorani, minangka salah siji basa resmi ing Irak bebarengan karo basa Arab, ing layang pulitik mung kaaran basa Kurdhi[8][9]
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link)
© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search