Bisma

Bisma
Resi Bisma
Resi Bisma
Déwanagari: भीष्म; देवव्रत
Éjaan Sanskerta: Bhīshma; Dévavrata
Jeneng liya: Raden Dewabrata
Asal: Pertapan Talkandha, Ngastina

Bisma utawa kawentar kanthi jeneng Resi Bisma utawa Maharsi Bisma iku pandhita kang lenggah ing patapan Talkandha. Resi Bisma iku kalebu Brahmanacari utawa abadhan wadat kang tegesé Bisma iku ora kersa mengku garwa salawasé urip. Anggoné ora kersa mengku wanodya ora kok amarga ora payu rabi, nanging amarga dhèwèké iku netepi ujar uni utawa netepi marang sumpah prasetyané kang wis kaweca sineksènan marang ingkang rama saha jagad saisiné. Ing jagad Pedhalangan Jawa, akèh tinemu paraga kang asarira badhan wadat, ing antarané Raden Lesmana Widagda (adhiné Prabu Ramawijaya), lan Resi Ramabargawa.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search