Buda

Patung Buda ing candhi Barabudhur.

Buda (ꦧꦸꦢ) saking basa Sangsekreta बुद्ध ingkang tegesipun Ingkang Wungu, Ingkang sampun dugi ing papadhang estu. Tembung punika dipunpendhet saking tembung Sansekreta: "Budh", kanggé mangertosi). Tembung punika ugi gelar ingkang dipuncaosaken dhumateng tiyang ingkang sampun sadhar mangembangaken potènsi pribadhinipun piyambak kaliyan ingkang sampun ngembang kasadharipun. Ing panganggé wekdal samangké, tembung punika asring ngarujuk dhumateng Sidharta Gotama, guru agami lan ingkang yasa ngadhegaken Agami Buda (ugi dipunanggep "Buda kanggé wekdal samangké"). Ing pangangé ingkang sanès, tegesipun tuladha kanggé manungsa ingkang dipunparingi kasadharan.

Agami Buda miyos ing nagari India, utawi langkung leres ing tlatah Nepal samangké. Agami punika miyos wujud satunggilipun reaksi dhumateng agami Brahmanisme. Pandhéganipun inggih punika Sidharta Gotama ingkang sami dipuntepangi minangka Buda Gotama déning para pandhèrèkipun. Ajaran agami Buda nyebar ngantos dumugi ing nagari Tiongkok ing taun 399. Ingkang ngasta inggih punika satunggiling bhiksu ingkang namanipun Fa Hsien. Masarakat Cinten ugi angsal prabawa saking Tibet ingkang sampun dipunmodhifikasi dhumateng tradhisi lokal.

Ing tanah Jawi, agami punika ugi sampun wonten ing abad kaping 5. Candhi Barabudhur ingkang langkung saé ing rat punika, yasanipun para ratu saking wangsa Syailendra ingkang memengkoni praja ing Jawi Tengah watawis abad kaping 8. Para panganut Buda boten nganggep manawi Sidharta Gotama punika sang hyang Buda ingkang kaping sepindhah punapa ingkang pungkasan. Dipuntingali kanthi teknis, Buda, punika satunggiling tiyang ingkang sampun kapanggih ing Dharma (ingkang gadhah kersa: Kaleresan; prakawis saèstunipun, akal budi, kasulitan kawontenaning manungsa, kaliyan marga ingkang leres manuju ing kamardika (jiwa) mawi Kasadaran, ingkang dhateng salepasing karma ingkang saé (tujuan) dipunlestarèkaken saimbang kaliyan sadaya tingkah laku ingkang awon dipuntilar.

Anggènipun anggayuh nirwana (basa Pali: nibbana) punika sami kemawon ing tigang jinising Buda, namung Samma-Sambuddha langkung nggatèkaken ing kwalitas kaliyan usaha tinimbang kalih Buda sanèsipun. Tigang golongan Buda punika inggih:

  • Samma-Sambuddha ingkang angsal Kasadaran paripurna tanpa guru, namung déning usahanipun piyambak.
  • Pacceka-Buda utawi Pratyeka-Buda ingkang mèmper Samma-Sambuddha, nanging mesthi mèndhel lan nyinggahaken dharma ingkang sampun kagayuh kanggé dhiri pribadi piyambak.
  • Savaka-Buda ingkang awujud Arahant (siswa kasadaran), nanging saged nggayuh tahap Kasadaran kanthi mirengaken Dharma.

Saben ilèn Buda dhedhasar Tripitaka ingkang dados rujukan utami, amargi ing salebetipun wonten sabda kaliyan ajaran sang hyang Buda Gotama. Tiyang-tiyang ingkat manut dhumateng ajaran punika nyathet kaliyan ndamel klasifikasi ajaranipun wonten ing tigang buku, inggih punika Sutta Pitaka (buku ajaran), Vinaya Pitaka (buku undhang-undhang para bhiksu kaliyan rahib) kaliyan Abhidhamma Pitaka (buku ukum metafisika).


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search