Budaya

Aksara Latin
     

Budaya iku tegesé kabèh pamikir manungsa kang sipaté abstrak kang diwujudake dadi pola tingkah laku ing masarakat lan kasil Budaya kang sipaté fisik. Dadi budayaiku nduwé pérangan utawa unsur kang tahap-tahape yaiku: pikiran utawi gagasan utawi ide, rasa lan niyat. Kabèh gabungan pérangan utawa unsur-unsur iku mung ana ing manungsa.

sawijining upacara ing Malawi

Tembung budayaiku asalé saka basa Sansekerta yaiku "buddayah" kang asalé saka tembung "budhi" utawa akal. Akal iku dadi salah siji prangkat utama manungsa kanggo nglakoni urip lan ora ana makluk liya kang nduwé akal.

Miturut Prof. Koentjaraningrat, kabudayan iku gabungan kabèh sistem, gagasan, tindakan lan kasil karya manungsa ing masarakat kang bisa dipakolèhaké liwat sinau.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search