Burisrawa

Burisrawa

Miturut layang Mahabharata, Burisrawa iku saluguné putrané Prabu Sommadatta ing nagara Baliha. Nanging yèn miturut pakem padhalangan, Burisrawa iku putrané Prabu Salya (Salyapati), ratu ing Mandaraka klawan Endang Pujawati iya Setyawati lan duwe sedulur lima nganti enem. . Déné urutané mangkéné:

  1. Dèwi Erawati, kagarwa Raden Kakrasana iya Prabu Baladéwa nata ing Mandura, banjur peputra Raden Wisatha lan Wimuka.
  2. Dèwi Surtikanthi, kagarwa Adipati Karna (Suryatmaja) nata ing Awangga, peputra Warsakusuma, lan Warsasena.
  3. Dèwi Banowati, kagarwa Prabu Suyudana, nata ing Astina, peputra Sarojakusuma iya Lesmana Mandrakumara, lan Dèwi Lesmanawati.
  4. Dèwi Danowati, kagarwa Prabu Drustajumena peputra Drestaketu.
  5. Dèwi Sudisinawati, kagarwa Prabu Wikarna, dheweke duwe anak wadon jenenge Dèwi Jyotsana.
  6. Raden Burisrawa, lenggah ing kasatriyan Cidhekembang, garwané asma Dèwi Kiswani, atmajané Prabu Kiswamuka, ratu ing nagara Cedhisekar. Karo Dèwi Kiswani, peputra siji, Arya Kiswara.
  7. Raden Rukmarata, lenggah ing kasatriyan Pabutulan.

Raden Burisrawa iku praupané awujud raseksa awit nurun eyangé Begawan Bagaspati, kang ora liya pendhita raseksa. Amarga isin pinaringan wujud raseksa mula Burisrawa yasa papan mau tunutupan kere lan Burisrawa singidan ing mburine. Burisrawa sinebut uga satriya ing Madyapura. Sanajan kalebu satriya nanging tindak-tanduké kasar lan dhemen ngguyu.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search