Dretarastra

Dretarastra

Déwanagari: धृतराष्ट्र
Aksara Jawa: ꦥ꧀ꦫꦧꦸꦢꦺꦱ꧀ꦠꦫꦠ
Éjaan Sanskerta: Dhṛtarāṣṭra
Asal: Kadipaten Gajahoya, Kraton Ngastina
Sisihan: Dewi Gendari

Prabu Dretarastra utawa Dhestharastra iya Dhestharata iku putra pambayuné Prabu Kresna Dwipayana ing Ngastina patut kalayan Dèwi Dèwi Ambika (yèn ing Mahabharata karan Ambalika), kang nalika wis yuswa banjur lereh keprabon seperlu madeg Pendhita ing Pertapan Wukir Retawu kanthi peparab Begawan Begawan Abiyasa. Nalika isih timure Radèn Dhestharata sesilih Radèn Kuru, kang tegesé ora bisa ndhulu alias wuta. Mula anak-turuné Radèn Dhestharata uga banjur kinaran Kurawa kang asalé saka linggane tembung “Kuru” lan “Hawa” kang tegesé tedhak turuné/dharah Kuru. Semana uga “Pandhawa”, iku asal saka linggané tembung “Pandhu” lan Hawa", kang tegesé tedhak turune Pandhu.

Ing padhalangan, wutané Radèn Dhestharata iku ana pirang –pirang versi. Versi kang sapisan ngandhakaké yèn cacadé Radèn Kuru amarga ibuné, Dewi Ambika, nalika saresmi karo Prabu Kresna Dwipayana tansah ngeremake netrané, saking anggoné wedhi ndulu pasuryane sang Prabu kang ireng tuntheng. Déné versi kang kapindho, ya iku bisa tinemu ing lakon Sentanu Banjut. Ing carita mau, Prabu Sentanu (Santanu) ora netepi janjiné marang Prabu Dipakiswara (Begawan Palasara). Sing kuduné jumeneng ratu ing Ngastina Abiyasa, nanging Prabu Sentanu nedya njumenengake Raden Asthabrata, putrané Sentanu patut karo Dewi Durgandhini (tilas garwane Palasara). Satemah dadi pasulayan ing antarané Prabu Sentanu karo sukmané Begawan Palasara. Kang mangkono gawé gègèr ing Kahyangan. Bathara Narada lan Bathara Wisnu tumurun ing marcapada saperlu nyapih kang nembé pancakara. Bathara Narada paring pangandhika yèn titi wanci iki, Sentanu wis enthek tulise, tegesé wis tumakaning janji. Sentanu kudu lunga saka jagad marcapada bali ing alam kelanggengan. Sajeroning diajak wawan pangandhikan, Prabu sentanu ngraga sukma, sukmane oncat saka ragane manjing ing guwa garbane Dewi Ambika (garwane Raden Asthabratha) kang pinuju nggarbini patang wulan, saperlu mejangake Aji Lebursekethi marang ponang jabang bayi.

Bathara Naradha priksa, nuli paring dhawuh marang Bathara wisnu supaya ngrajah netrane ponang jabang bayi kang ana guwa garba, jalaran yèn si jabang bayi darbe sipat genep, bakal mbebayani, bakal ngumbar angkara murka. Mula kanggo nyudha angkara murka, kudu bayi m,au digawé wuta. Lan klakon bayi dirajah netrane nganggo senjata Cakra déning Bathara Wisnu. Wekasan bayi lair, kahanane cacat netra (wutha) lan banjur kaparingan pusaka asma Raden Kuru iya Raden Dhestharata. Dadi yèn mirutu versi iki, Raden Kuru iya Dhestarata iku tata gelare dadi putrane Abiyasa nanging sejatine utawa putrane Raden Asthbratha. Jalaran nalika Dewi Ambika kagarwa déning Prabu Kresna Dwipayana kahane wis dadi randha.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search