Durwasa

Durwasa Sala

Wonten salebeting Mitologi hindu, Durwasa utawi Durvasa (दुर्वास di Dewanagari utawi durvāsa di IAST, dipunsebat [d̪urʋɑ ː sɐ] wonten ing Basa Sansekerta, utawi Durvasas[1][2]. Durwasa punika putra saking Atri kaliyan Anasuya[1][3]. Panjenenganipun inkarnasinipun Siwa[1]. Panjenengaipun sampun misuwur gadhah sipat gampil nesu[4]. Manawi saweg nesu, panjenenganipun sagen paring kutukan (dipunwastani Shapa) ingkang saged mejahi sadaya kemawon[2]. Pramila makaten, wonten pundi kemawon, panjenenganipun dipunkurmati déning Déwa punapa manungsa[2]. Tuladhanipun wonten salebeting Abigyāna Shakuntala ingkang dipunserat déning Kalidasa, panjenenganipun paring kutukak dhumateng Sakuntala manawi tresnanipun badhé dipunsupekaken. Salajengipun, prakawis punika dados kasunyatan[2][4].

  1. a b c [1], Dipun undhuh tanggal 30 September 2012.
  2. a b c d [2], Dipun undhuh tanggal 30 September 2012.
  3. [3], Dipun undhuh tanggal 3 November 2012.
  4. a b [4][pranala mati permanèn], Dipun undhuh tanggal 30 September 2012.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search