Duryodana

Duryodana
Duryodana
Duryodana.
Jeneng miturut basa
Basa Sangskreta Duryodhana
Jeneng miturut aksara
Dewanagari दुर्योधन
aksara Bali
aksara Jawa

Duryodana utawa Duryudana iku ratu ing Ngastina (Hastina) Ing layang Mahabharata karan Droyudhana. Dasanamane miturut padhalangan: Suyudana, Jakapitana,Jayapitana, Kurupati, Gendharisuta, Dhasthaputra, Tri Mamangsah. Duryudana iku putrane Prabu Dhestharastra lan Dewi Gendhari sing tuwa dhéwé. Nalika lair ora salumrahe bayi, nanging wujud tengkelan daging, kaya tugelan daging kebo. Daging mau polah kroncalan. Déning Dewi Gendari daging ditendhang sakayange, satemah sigar dadi loro. Dewi Gendari saya duka. Sigarane daging sing sijiné diidhak-idhak, satemah ajur dadi pirang-pirang, pating kruget kaya singgat. Daging mau banjur ditutupi godhong lumbu. Daging sing gedhé dhéwé dadi bayi loro, Duryudana lan Dursasana. Déné daging sing cilik-cilik dadi adhi-adhine kang banjur karan Sata Kurawa. Tembung Sata tegesé satus (sanadyan cacahé 101), déné Kurawa iku mengku teges darah Kuru. Duryudana sa adhi-adhine iku watake angkara murka, srei, jail-methakil, jalaran tansah diapusi lan diojok-ojoki déning bapa pamane, Patih Harya Sengkuni (Sakuni). Bedha karo Prabu Dasamuka, nata ing Ngalengka kae, sanajan padha-padha watake angkara murka, nanging yèn Dasamuka kabèh tumindhake sing angkara murka iku tukul saka prentule atine dhéwé. Déné yèn Duryudana anggoné duwé watak angkara murka amarga disetir déning Patih Sengkuni. Mula Duryudana iya banjur tansah mungsuhi marang para Pandhawa


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search