Eukariota

Eukariota (asalé saka basa Yunani "eu" kang tegesé "becik", lan "karyon" kang tegesé nunjuk ing nuklei sel) iku organisme kanthi sel komplèks, ing ngendi bahan-bahan genetikané disusun dadi nuklei kang kaiket membran. Eukariota kalebu kéwan, tetuwuhan, lan jamur—kang akèh-akèhé multiselular—sarta manéka golongan liyané kang diklasifikasikaké kanthi kolèktif minangka protista (akèh ing antarané uniselular). Suwaliké, organisme-organisme liyané, kaya ta bakteri, ora duwé nuklei lan struktur sel komplèks liyané; organisme-organisme kayaiku mau karan prokariota.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search