Flu babi (Basa Inggris: Swine influenza viruses utawa SIV) iku tegesé kasus influenza sing disebabaké déning Orthomyxoviruses endemic sajeroning populasi babi.
Strains SIV sing dikenali nganti dina iki diklasifikasèkaké minangka Influenzavirus C utawa salah siji saka warna-warna subtipe saka génus Influenzavirus A.[1]
Flu babi nulari manungsa saben taun lan lumrahé marang wong sing sesénggolan karo babi, sanadyan ana uga kasus panularan liwat manungsa.[2] Gejalané kalebu: nggreges (demam), disorientasin, sendhi krasa kaku, muntah, lan ora sahar nganti tumekaning pati.[3] Virus Influenza A sub tipe H1N1, H1N2, H3N1 lan H3N2 dikenali minangka jalaran infeksi SIV.[4][5] lan H2N3.[6] Ing taun 2005 tinemu H5N1 nulari setengah saka populasi babi ing sawatara panggonan ing Indonesia, nanging tanpa njalari tandha-tandha.[butuh sitiran] Chairul Nidom, sawijining virologist saka Universitas Airlangga babagan lelara tropis ing Surabaya, Jawa Wétan, nganakaké riset mandhiri; ngetès getih saka 10 babi sing katon séhat dikandhangaké cedhak peternakan pitik ing Jawa Kulon sing kena wabah flu burung, Nature nglapuraké.[butuh sitiran] Lima saka sampel babi ngandhut virus H5N1. Pamaréntah Indonesia wiwit dina iku nemu asil sing padha ing sawatara tlatah liya. Tès tambahan 150 babi ing sajabanè tlatah mau asilé négatif.[7][8]
© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search