G-20

G20

G-20 utawa Kelompok 20 nagara-nagara ékonomi gedhé iku golongan 19 nagara kanthi ékonomi gedhé ing donya ditambah Uni Éropah. Sacara resmi, G-20 dijenengaké The Group of Twenty (G-20) Finance Ministers and Central Bank Governors utawa Golongan Rongpuluh Mantri Kauangan lan Gubernur Bank Sentral. Golongan iki dianakaké taun 1999 minangka forum sing kanthi sistematis ngimpun kakuwatan-kakuwatan ékonomi maju lan temuwuh kanggo ngrembug isu-isu utama ngenani ékonomi donya. Patemon pisanan G-20 lumangsung ing Berlin, 15-16 Dhésèmber 1999 lan sing dadi tuwan omah mantri kauangan Jerman lan Kanada.[1]

Latar mburi pambentukan forum iki diwiwiti anané Krisis Kauangan 1998 lan panemu sing muncul ing forum G-7 ngenani kurang efektif-é patemon iku yèn ora ngajak kakuwatan-kakuwatan ékonomi liya supaya kaputusan-kaputusan sing digawé duwé prabawa sing luwih gedhé lan ngrungokaké kepentingan-kepentingan sing mbokmanawa ora kacakup sajeroning golongan ciliki iku. Golongan iki ngimpun mèh 90% GNP donya, 80% total dol tinuku donya lan rong protelon sing ndunungi donya.

Minangka forum ékonomi, G-20 luwih akèh dadi ajang konsultasi lan makarya sama bab-bab sing magepokan karo sistem moneter internasional. Ana patemon sing tumata kanggo nyinaoni, ninjo, lan nyurung dhiskusi antarané nagara indhustri maju lan lagi tumuwuh ngenani kawicaksanan-kawicaksanan sing tumuju marang stabilitas kauangan internasional lan golèk upaya-upaya ngatasi masalah sing ora bisa diatasi déning siji nagara tinamtu waé.

  1. What is the G-20 Situs resmi G-20

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search