Getih

Getih (diucapaké: [gətih], [gəti], [gətɪh], [gətɛh]; basa krama: rah utawa ludira utawa rudira) iku cuwèran kang ana ing kabèh kéwan tingkat dhuwur kang duwé fungsi ngirimaké dat-dat lan oksigèn kang dibutuhaké déning jaringan awak, ngangkud bahan-bahan kimia asil metabolisme, lan uga minangka pertahanan awak saka virus utawa bakteri. Istilah medis kang ana gayutané kaliyan getih diwiwiti kanthi tembung hemo- utawa hemato- kang asalé saka basa Yunani haima tegesé getih.

Ing gegremet, getih (utawa kondhang minangka hemolimfe) ora kalibat ing parédharan oksigèn. Oksigèn ing gegremet diédharaké liwat sistém trakéa wujud saluran-saluran kang nyaluraké udara kanthi langsung nuju jaringan awak. Getih gegremet ngangkud dat nuju jaringan awak lan nyingkiraké bahan sisa métabolisme.

Ing kéwan liya, fungsi utama getih yaiku ngangkud oksigèn saka paru-paru utawa angsang nuju jaringan awak. Ing getih kakandhut hemoglobin kang fungsiné minangka pangiket oksigèn. Ing sabagéan kéwan ora duwé balung mburi utawa invertebrata kang ukurané cilik, oksigèn langsung ngresep nuju njeron plasma getih amarga protéin panggawa oksigèné kalarut kanthi bébas. Hemoglobin wujud protèin pangangkut oksigèn paling éféktif lan ana ing kéwan-kéwan kang duwé balung mburi utawa vertebrata. Hemosianin, kang wernané biru, ngandhut tembaga, lan digunakaké déning kéwan crustaceae. Nus migunakaké vanadium kromagen (wernané ijo enom, biru, utawa kuning oranye).


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search