Hangeul

Hangeul
Tembung "Hangeul" ditulis sajeroning aksara Hangeul.
Jeneng Koréa
Hangul 한글
Hanja (ora ana)
Alih aksara
Anyar
Hangeul
McCune-
Reischauer
Han'gŭl

Hangeul (Aksara Jawa: ꦲꦤ꧀ꦒꦼꦸꦭ꧀ ) (IPA: [ˈhɑːŋɡʊl]Ngenani wuni iki rungokna ), iku alfabèt utawa aksara kang dianggo nulis basa Koréa. Hangeul diripta déning Raja Séjong Agung (1397-1450) nalika taun 1443 mangsaning Dinasti Joseon. Sanadyan tulisan Hangeul katon kaya tulisan ideografik (tulis sajeroning wangun 'simbol' kaya aksara Cina), Hangeul sajatiné minangka abjad fonètik. Alfabèt Hangeul dumadi saka 24 aksara (jamo)— 14 aksara mati (konsonan) lan 10 aksara urip (vokal). Satemené Hangeul isih duwé 3 konsonan lan 1 aksara vokal, nanging diwurungaké. Saliyané kanggo nulisaké basa Koréa, Hangeul uga dianggo déning basa Cia-Cia, ing Sulawesi Kidul-wétan, Indonésia.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search