Dana Monetèr Internasional utawa International Monetary Fund (IMF) iku organisasi internasional kang duwé tanggel waler ngatur sistem finansial global lan nyawisaké silihan marang nagara anggotané kanggo mbiyantu masalah-masalah kaimbangan neraca kauangan saben nagara. Salah siji misiné ya iku mbiyantu nagara-nagara kang ngalami kangèlan ékonomi kang serius, lan minangka opahé, nagara mau diwajibaké nglakoni kawicaksanan-kawicaksanan tinentu, umpamané privatisasi badan usaha darbèké nagara.
Negara-nagara anggota PBB kang ora dadi anggota IMF ya iku Koréa Lor, Kuba, Liechtenstein, Andorra, Monako, Tuvalu lan Nauru.
© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search