ISBN

ISBN (International Standard Book Number) yaiku kodhe pangidhèntipikasi utawa tata baku katalogisasi indeks buku kang asipat unik.[1] ISBN lumrahé awujud 13 angka kang nggampangaké panggolèkan lan pamasaran buku.[2] ISBN ngemot informasi bab irah-irahan, panerbit, lan golongan panerbit.[1] Amarga iku, antarané buku siji lan liyané bakal béda nomer ISBN.[1] ISBN diwènèhké saka Badan Internasional ing London, néng Indonésia ISBN diwènèhké saka Perpustakaan Nasional Republik Indonesia RI.[2]

  1. a b c "Info ISBN". Perpusnas. Dibukak ing 9 January 2016.
  2. a b "Cara Mudah Mengurus ISBN Buku". Nyonya Buku. Diarsip saka sing asli ing 5 February 2016. Dibukak ing 9 January 2016.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search