Idul Fitri

عيد الفطر
Idul Fitri
(Pahargyan mungkasi Pasa Ramelan)
Idul Fitri ing Malaysia
Uga ingaranIdul Fitri, Hari Lebaran (Indonésia); Hari Raya Puasa, Hari Lebaran, Aidilfitri (Malaysia, Singapura, Brunei); Wakas ng Ramadan, Hari Raya Puasa (Filipina); Nonbu Perunaal (Tamil) Riyoyo, Riyayan, Ngaidul Fitri (Basa Jawa); Boboran Siyam (Basa Sundha); Uroë Raya Puasa (Basa Acèh); Rojar Eid (Banggaladésa); Ramazan Bayramı (Basa Turki); Eid Nimaz (Basa Sindhi); Korite (Senegal); Sallah (Hausa); Kochnay Akhtar (کوچنی اختر) (Pashto); Eid-e Sa'eed-e Fitr (The Mirthful Festival of Fitr, Pèrsi); Choti Eid (Basa Urdhu); Meethi Eid (Basa Urdhu);Cheriya Perunnal (Malayalam); Ramazanski Bajram, Eid (Bosnia); Bajram (Albania); Cejna Remezanê (Kurdi); Ramazanski Bajram (Kroasia); Idd (pacelathon ing Uganda)
DipèngetiMuslim ing saindhenging donya
JinisIslam
AncasMungkasi Pasa Ramelan
KaraméanKembul bojana dhawar panganan legi-legi, nanggo klambi anyar lan maringi dhuwit marang bocah-bocah cilik
PèngetanSalat, bayar (Jakat pitrah)
Tanggal1 Syawal
Tanggal ing 2024date missing (please add)
GegayutanRamelan, Idul Adha

Idul Fitri (Basa Arab: عيد الفطر ‘Īdu l-Fiṭr) iku dina riyaya umat Islam saben tanggal 1 Syawal sajeroning pananggalan Hijriyah. Idul Fitri dirayakaké sawisé umat Islam nglakoni pasa sesasi ing sasi Ramelan. Amarga cara ngukuhaké tanggal 1 Syawal kang didhasaraké marang mubengé rembulan marang bumi mau, mula Idul Fitri utawa Dina Riyaya ora padha tanggal lan sasiné saben taun yèn dideleng saka kalèndher Masèhi. Cara nemtokaké tanggal 1 Syawal uga béda-béda, saéngga bisa ana sapérangan umat Islam kang mahargya ing tanggal Masehi kang béda. Ing Indonésia, pamaréntah minangka kang kawogan nemtokaké tanggal 1 Syawal saben ngadhepi wektuné nganakaké pasamuan kang diarani sidang isbat, Sidhang mau dirawuhi déning para punggawa saka Kamentrian Agama, Majelis Ulama Indonesia, wakil-wakil saka organisasi massa Islam, lan para wakil nagara sahabat.

Ing tanggal 1 Syawal, umat Islam kumpul wayah ésuk lan ngayahi Salat id bebarengan ing masjid-masjid, utawa ing lapangan yèn kaanan ora udan. Béda karo ritual Salat Iedul Adha kang kudu pasa dhisik nalika budhal menyang papan panggonan salat, sajeroning salat id iki malah disunnahaké sarapan dhisik sadurungé mangkat.

Sadurungé diwiwiti salat id, lumrahé imam ngélikaké tumrap kang durung nindakaké bayar jakat pitrah. Wates wektu bayar pitrah yaiku sadurungé ngayahi salat id, déné kang telat lan lagi bayar sawisé salat id bakal diitung minangka sedekah biyasa.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search