Jepang

Jepang
  • 日本
  • Nippon utawa Nihon
Centered deep red circle on a white rectangle[1]
Gendéra
Golden circle subdivided by golden wedges with rounded outer edges and thin black outlines
Lambang Kekaisaran
Gunagita: Kimigayo "君が代"
"Pamrentahan Ingkang Mulya Kaisar"[2][3]
Lambang Papréntahan Jepang
Meterai Kantor Perdana Menteri dan Papréntahan Jepang
五七桐
Go-Shichi no Kiri
Proyeksi Asia dengan Area Jepang berwarna hijau
Wilayah sing dikuasai Jepang ditampilake ing warna ijo – Area sing diklaim ditampilake ing warna ijo padhang
Dunungpenering Jepang
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Tokyo[4]
35°41′N 139°46′E / 35.683°N 139.767°E / 35.683; 139.767
JawatbasaOra ono[note 1]
Basa nasionalJepang
Budayawangsa
(2011)[6]
Agama
(2000)[7]
PapréntahanNegara kesatuan ingkang berbentuk monarki parlementer
• Kaisar
Naruhito
Fumihito
Shinzō Abe
Tarō Asō
Tadamori Oshima
Chuichi Date
Naoto Ōtani
PaukumkaryanDiet Nasional
参議院
Sangi-in
衆議院
Shūgi-in
Pambentukan
11 Februari 660 SM[8]
29 November 1890
3 Mei 1947
28 April 1952
Pijembar
• Gunggung
377,973 km2 (145,936 sq mi)[9] (61)
• Banyu (%)
3,55
Population
• Cacahjiwa Oktober 2018
126.440.000[10] (10)
• Ketebdunung
334/km2 (865.1/sq mi) (41)
GKK  (ITK)Pikira-kira 2018
• Gunggung
$5.632 triliun[11] (4)
• Saben wong
$44,550[11] (27)
GKK  (angka)Pikira-kira 2018
• Gunggung
$5.071 triliun[11] (3)
• Saben wong
$40,106[11] (20)
Gini (2011)37.9[12]
tengah · 76
IPM (2017)Increase 0.909[13]
dhuwur banget · 19
ArtacihnaYen (¥) / En (JPY)
Laladan wektuUTC+9 (JST)
Rupa titimangsa
  • yyyy-mm-dd
  • yyyy年m月d日
  • Era yy年m月d日 (CE−1988)
Nyetir ingkiwa
Kodhé bèl+81
Sandi ISO 3166JP
TLD internèt.jp
Situs wèb
www.japan.go.jp
  1. Parlemen Jepang durung secara resmi nggawe undang-undang sing negesake manawa Basa Jepang minangka basa resmi negara kasebut.[5]
Jepang
Jepang
Nama Jepang
Kanji: 日本国
Hiragana: にっぽんこく
にほんこく
Katakana: ニッポンコク
ニホンコク
Kyujitai: 日本國

Jepang (basa Jepang: 日本 Nippon/NihonNgenani wuni iki rungokna , teges kang barès: "asal-usuling srengéngé") yaiku Nagara ing Asia Wétan sing papané ing siji ranté kapuloan bawana Asia ing pojok kulon Samodra Pasifik. Ing sisih wetan Sagara Jepang, lan tetanggan karo Républik Rakyat Cina, Korea, lan Ruslan. Pulo sisih paling lor ana ing Sagara Okhotsk, lan wilayah paling kidul minangka klompok pulo cilik ana ing Sagara China Wétan, ing sisih kidul Okinawa, sing cedhak karo Taiwan.

Jepang kapérang saka 6.852 pulo[14] kang ndadekaken Jepang kalebu nagara kapuloan. Pulo-pulo utama saka lor menyang kidul yaiku Hokkaido, Honshu (pulo gedhé dhéwé), Shikoku, lan Kyushu. Gunggung 97 % wewengkon dharatan Jepang ana ing patang pulo gedhé iki. Sapérangan gedhé pulo ing Jepang wujud pagunungan, lan sapérangan liyané wujud gunung kang ngandhut geni. Gunung paling dhuwur ing Jepang yaiku Gunung Fuji. Jepang duwe 128 yuta wong, lan dadi negara paling katah pedununge nomer 10 ing saindenging jagad. Tokyo minangka kutha krajan de facto Jepang, lan uga dadi prefektur piyambak. Tokyo Raya minangka jeneng wilayah kutha Tokyo lan sawetara kutha ing prefektur sekitarnya. Minangka wilayah metropolitan paling gedhe ing donya, Wilayah Tokyo Raya duwe pedunung luwih saka 30 yuta wong.

Miturut mitologi tradisional, Jepang didegake dening Kaisar Jimmu ing abad kaping-7 SM. Kaisar Jimmu miwiti rantai monarki Jepang sing nganti saiki durung rusak. Nanging, sajrone sejarah, kekuwatan paprentahan ana ing tangan para anggota kraton, shogun, militer, lan saiki ing tangan Nayakotama. Miturut Konstitusi Jepang taun 1947, Jepang minangka negara monarki konstitusional kapimpin dening Kaisar Jepang lan Parlemen Jepang.

Minangka negara maju ing perekonomian,[15] Jepang duwe produk domestik bruto paling gedhe nomer loro sawise Amerika Serikat. Jepang uga anggota saka PBB, G8, OECD, lan APEC. Jepang uga duwe kekuwatan militer sing cukup lengkap karo sistem pertahanan modern kaya ta sistem kombat AEGIS lan armada perusak. Ing perdagangan luar negeri, Jepang dadi negara eksporter nomer 4 lan negara importer nomer 6 paling gedhe ing saindenging jagad. Minangka negara maju, masarakat Jepang duwe standar urip sing dhuwur (rangking nomer 8 ing Indeks Pembangunan Manungsa) lan harapan urip paling dhuwur ing donya miturut prakiraan PBB.[16] Ing bidang teknologi, Jepang uga maju ing bidang telekomunikasi, mesin lan robot.

  1. "National Flag and National Anthem". Bendera Matahari Terbit lan "Kimi Ga Yo" minangka panji nasional lan lagu kebangsaan Jepang. Diresmikan taun 1999 kanthi Undhang-undhang Babagan Bendera Nasional lan Lagu Nasional.
  2. "Explore Japan National Flag and National Anthem". Dibukak ing January 29, 2017.
  3. "National Symbols". Diarsip saka sing asli ing February 2, 2017. Dibukak ing January 29, 2017.
  4. "History of Tokyo". Periode Edo suwene udakara 260 taun nganti Restorasi Meiji ing taun 1868, nalika Shogunate Tokugawa rampung lan pamrentahan kekaisaran dipulihake. Kaisar pindhah menyang Edo, sing diganti jeneng dadi Tokyo. Mula, Tokyo dadi ibukutha negara Jepang
  5. 法制執務コラム集「法律と国語・日本語」 . Legislative Bureau of the House of Councillors. Dibukak ing January 19, 2009.
  6. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng cia
  7. Dentsu Communication Institute, Japan Research Center: Sixty Countries' Values Databook (世界60カ国価値観データブック) (2000).
  8. Miturut legenda, Jepang didegake dening Kaisar Jimmu, Kaisar Pertama.
  9. 令和元年全国都道府県市区町村別面積調(10月1日時点) (ing basa Jepang). Geospatial Information Authority of Japan. December 26, 2019. Diarsip saka sing asli ing April 15, 2020.
  10. 最新結果一覧 政府統計の総合窓口 GL08020101. Statistics Bureau of Japan. Dibukak ing April 27, 2016.
  11. a b c d "World Economic Outlook Database, April 2018 – Report for Selected Countries and Subjects". International Monetary Fund (IMF). Oktober 2018.
  12. "World Factbook: Gini Index". CIA]. Dibukak ing May 11, 2011.
  13. "2018 Human Development Report" (PDF). United Nations Development Programme. 2017. Dibukak ing March 23, 2017.
  14. "Facts and Figures of Japan 2007 01: Land" (PDF). Foreign Press Center Japan. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2009-07-31. Dibukak ing 2009-07-04.
  15. "World Factbook; Japan". CIA. 2007-03-15. Diarsip saka sing asli ing 2010-12-28. Dibukak ing 2007-03-27.
  16. United Nations World Population Propsects: 2006 revision – Table A.17 for 2005-2010

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search