Périodhe Jura 201.3–145 yuta taun kepungkur | |
Rata-rata kandhungan O2 ing atmosfèr sakwéné jangka wektu périodhe | ca. 26 Vol %[1] (130 % saka level modhèrn) |
Rata-rata kandhungan CO2 ing atmosfèr sakwéné jangka wektu périodhe | ca. 1950 ppm[2] (kaping 7 tingkat pra-indhustri) |
Rata-rata suhu sakwéné jangka wektu périodhe | ca. 16.5 °C[3] (3 °C sandhuwuré tingkat modhèrn) |
Cithakan:Jura graphical timeline |
Jura iku périodhe utama sajeroning skala wektu géologi kang dumadi watara 199,6 ± 0,6 tekan 145,4 ± 4,0 yuta taun kapungkur, sawisé périodhe Trias lan ndhisiki périodhe Kapur. Lapisan batuan kang awèh ciri awal lan akir périodhe iki kaidhèntifikasi kanthi becik, nanging wektu pasé ora bisa dipesthèkaké watara 5 nganti 10 yuta taun. Jura wujud périodhe patengahan éra Mesozoikum, kang ditepungi uga minangka "Jaman Dinosaurus". Awal périodhe iki ditengeri kanthi prastawa curesé Trias-Jura.
Jeneng périodhe iki diwènèhaké déning Alexandre Brogniart dhedhasar akèhé watu kapur laut kang tinemu ing Pagunungan Jura, ing laladan patemon Jerman, Prancis, lan Switserlan.
© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search