Kenthang

Kenthang
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Subklas: Asteridae
Ordho: Solanales
Famili: Solanaceae
Génus: Solanum
Spésies: S. tuberosum
Jeneng binomial
Solanum tuberosum
L.

Kenthang (Solanum tuberosum L.) iku tuwuhan saka suku Solanaceae kang duwé umbi batang kang bisa dipangan lan uga diarani "kenthang".[1] Umbi kenthang saiki wis dadi salah sawijining panganan pokok wigati ing Éropa sanajan wiwitané ditekakaké saka Amérika Kidul.[1]

Penjelajah Spanyol lan Portugis pisanané nggawa menyang Éropa lan mbudidayakaké tuwuhan iki ing abad XVI.[1] Ora suwé, menu anyar iki sumebar ing saindhenging Éropa. Sajeroning sajarah migrasi wong Éropa menyang Amérika, tuwuhan iki tau dadi pemicu utama kapindhahan bangsa Irlandia menyang Amérika ing abad angka 19, rikala kadadéan wabah lelara umbi ing dharatan Irlandia kang diakibataké déning sajinis jamur kang diarani ergot.[1]

Wektu lumebu Indonésia, wiwitané dianggep panganané wong Walanda.[1] Nanging baka sethithik sabanjuré wong pribumi uga mèlu mangan kenthang. Kabuktèn panganan sing digawé saka kenthang bisa ditampa déning masarakat lan dadi lawuh kulawarga Indonésia.[1] Contoné sambel gorèng kenthang, perkedel, krokèt, kering kenthang, lan sapanunggalé.[1]

  1. a b c d e f g http://www.kabarinews.com(dipunundhuh tanggal 13 Mèi 2011)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search