Lobak

Lobak
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Ordho: Brassicales
Famili: Brassicaceae
Génus: Raphanus
Spésies: R. sativus
Jeneng binomial
Raphanus sativus
L.

Lobak yaiku tuwuhan kang kalebu kulawarga: Cruciferae. Béntuk umbi lobak kaya wortel, nanging isi lan kulite wernane putih.

Tuwuhan lobak asalé saka negera Cina, nanging wis akèh diusahakake ing Indonésia. Tuwuhan iki gampang ditandur ing dataran cendhèk utawa dhuwur (pagunungan).

Nganti seprene laladan kang akèh ditanduri lobak yaiku dhataran dhuwur Pangalengan, Pacet, Cipanas, lan Bedugul. Ambane areal tuwuhan lobak ing Indonésia saiki udakara 15.700 ha.

Lemah kang apik kanggo tuwuhan lobak yaiku lemah gembur, ngandhut humus (subur) lan lapisan dhuwure ora ngandhut krikil (watu-watu cilik).

Banjur derajat keasaman lemahe 5-6, déné wektu tandure yaiku mangsa rendheng utawa wiwitan mangsa katiga. Nanging yèn nandur ing mangsa katiga, banyune tuwuhan kudu cukup.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search