Manchester United F.C.

Manchester United
Jeneng dawaManchester United Football Club
ParabanSetan Abang
Yasa1878, sebagai Newton Heath LYR F.C.
SetadhiyonOld Trafford
Momotan74.869
BakuKaluwarga Glazer
Ketua barengJoel & Avram Glazer
MènèjerErik ten Hag
LigaLiga Utama Inggris
Sana jaringanKaca tepas klub
Kandhang
Njaban
Katelu
Stadhion Old Trafford Kandhang MUFC

Manchester United F.C. (biyasa disingkat Man United utawa mung ManU, diwaca men yu, utawa MU diwaca Em Yu), ya iku klub bal-balan utawa bal-balan Inggris kang basisé ana ing Old Trafford, Manchester.

Diwangun kanthi asesilih Newton HeathF.C. ana ing taun 1878 minangka tim bal-balan depot Perusahaan Kereta Api Lancashire lan Yorkshire Railway ing Newton Heath, jenengé diowahi dadi Manchester United ana ing taun 1902.

Sanajan wiwit biyèn wis kalebu salah sawijining tim paling kuat ing Inggris, nembé wiwit taun 1993 Manchester United ngraih dominasi ing kajuaraan domestik nalika ana ing arahan Sir Alex Ferguson-dominasi kanthi skala kang ora katon wiwit wusanané era Liverpool F.C. ana ing pertengahan 1970-an lan awal 1980-an. Wiwit ngglindhingé era Premiership ing taun 1992, Manchester United minangka tim kang paling sukses ya iku nganti kaping wolu ngrebut tropi juara.

Sanajan sukses ing kompetisi domestik, kesuksesan mau isih angèl dibalèni ing kajuaraan Éropa; MU mung naté ngraih juara ing Liga Champions ping pindho sadawané sajarahé, sing pungkasan nalika MU ngalahaké Bayern München ana ing taun 1999 kanthi skor 2-1 liwat rong gol ing menit-menit pungkasan injury time sing dicithak déning Teddy Sheringham lan Ole Gunnar Solskjaer, kang sisan ndadèkaké MU kasil nyiptakaké "Treble Winners" (ngraih telu gelar gedhé sajeroning samusim, ya iku juara Premiership, Piala FA lan Liga Champion) — sawijining pencapaian kang luar biyasa kanggoné klub-klub Inggris.

Nalika tanggal 12 Mèi 2005, pebisnis saka Amérika Sarékat Malcolm Glazer dadi sing duwé klub, amarga tuku mayoritas saham sing ajiné £800 juta (US$1,47 milyar) sairing karo akèhing protes saka para pendukung fanatik.

Konvai

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search