Martin Luther

Martin Luther (14831546) , punika satunggiling filsuf ugi pastur saking Wittenberg, Sachsen, Jerman ingkang gadhah kersa ngréformasi gréja Kristen Katulik. Nanging wusananipun, boten réformasi ingkang dipunangsali, piyambakipun lajeng pecah saking gréja katulik Roma. Punika ugi kasebat skhisma alit saha wiyosanipun Gréja Protèstan.

Martin Luther misuwur déning 95 dalil-dalilipun. Miturut tradhisi piyambakipun maku dluncang ingkang isi 95 dalil-dalilipun punika ing lawang Gréja ing Wittenberg. Nanging katingalipun punika namung mitos kémawon. Isining dalil-dalilipun inggih wicanten bab réformasi ing agami Kristen kala samanten.

Piyambakipun ugi mertalaken Alkitab dhumateng basa Jerman (1521-1534).


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search