Mi

     
Mi
Mi goreng
Panggonan asalCina
Tlatah utawa prajaAsia,Jepang,Koréa,Taiwan uga Éropa
Woworan pokokGandum
Buku masakan: Mi  Médhia: Mi

Mi iku panganan paling misuwur ing Asia, mliginé ing bawana Asia Wétan lan Kidul-wétan. Miturut cathetan sajarah, mi kapisanan digawé ing Cina nalika jaman papréntahan dinasti Han. Saka Cina, mi nyebar tekan Jepang, Koréa, Taiwan lan nagara-nagara ing Asia Tenggara tekan Éropa. Miturut buku-buku sajarah, ing Éropa, mi wiwit dikenal sawisé Marco Polo nekani Cina lan nggawa jajan mi. Nanging ngrembakané ing Éropa, mi saiki dadi pasta kaya kang kita mangertèni saiki.[1]

Sajatiné seni nggiling gandum wis ana luwih dhisik ing Wétan Tengah, kaya Mesir lan Pèrsi. Asale, mi diprodhuksi kanthi manuwal, nembé taun 700-an ana mesin kanggo nggawé mi sing ukurané cilik nganggo piranti mekanik. T.Masaki taun 1854 bisa nggawé mesin kanggo nggawé mi mekanik kang bisa mroduksi mi kanthi masal. Sakawit iku, mi ngalami akèh perkembangan, kaya ing Cina wiwit diprodhuksi mi instant kang jenengé Chicken Ramen lan ing ing Jepang jenengé Saparo Ramen (1962).[2] [3]

  1. lintasberita.com Archived 2011-09-13 at the Wayback Machine. Mi (diaksès tanggal 10 Oktober 2011)
  2. kopi-luwak.lefora.com[pranala mati permanèn] Mi (diaksés tanggal 10 Oktober 2011)
  3. [1] Mi (diaksés tanggal 10 Oktober 2011)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search