Minggu Palem

Yesus mlebet Yerusalem kanthi nitih kuldi.
Taun Liturgi
Gréja Ritus Kulon
Gréja Ritus Wétan

Minggu Palem utawi Ngahad Palem punika dinten riyaya Kristen ingkang mesthi dhawah ing dinten Minggu sadèrèngipun Paskah. Riyaya punika wonten ing sekawan Ayat, inggih punika Markus 11:1-11, Matius 21:1-11, Lukas 19:28-44 lan Yohanes 12:12-19. Riyadi punika wujud riyadi mlebetipun Yesus dhumateng kitha Yerusalem sadèrèngipun panjenenganipun dipunkisas.[1] Mlebetipun Yesus dhumateng kitha suci utawi Yerusalem wujud prakawis ingkang mirunggan, amargi dumadosipun namung sepindhah salaminipun Yesus gesang. Pupunika sebabipun Minggu Palem dipunsebat pambuka minggu suci, ingkang fokusipun dhumateng minggu pungkasan Yesus ing kitha Yerusalem.[1] Salebetipun liturgi Minggu Palem, umat dipunpérang ron palem lan ruwang gréja dipunpepaki ornamèn palem.[1]

  1. a b c Rachman, Rasid. Hari Raya Liturgi. Jakarta: BPK Gunung Mulia, 2005.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search