Parikesit

Parikesit

Prabu Parikesit ya Prabu Kresna Dipayana yaiku ratu ing Negara Ngastina.[1] Prabu Parikesit putrané Radèn Angkawijaya/Abimanyu satriya ing Plangkawati kaliyan premesuri Dèwi Utari, putri Prabu Matswapati karo Dèwi Ni Yustinawati saka nagara Wiratha. Sabubare perang Brantayuda lan Pandhawa padha surut, Parikesit kang duwe hak praja ing Ngastina. Nanging amarga durung diwasa, lakuné paprentahan ditindakaké déning Utari. Sawisé ngancik diwasa Parikesit kajumenengaké ratu déning Resi Jaladara, ya Prabu Baladewa kang wis madeg Pandhita.

Parikesit dadi puncering sejarah pangiwa para ratu ing tanah Jawa bisa sambung getih karo Pandhawa.[2]

  1. Pustaka, Balai. Serat Padhalangan Ringgit Purwa - 1930, 1932 (ing basa Jawa).
  2. Padmasusastra. Layang Bauwarna - 1898 (ing basa Jawa).

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search