Rupiah

Dhuwit rupiah seri paling anyar (2022)
Conto dhuwit kertas rupiah
Rupiah sing sepisanan dipigunaaké: Rupiah Hindia-Walanda, Rupiah sing diwetokaké déning Bank Jawa, koin rupiah taun 1950-an, lan cathetan rupiah taun 1959.

Rupiah (Rp) iku valuta Indonésia (kanthi kodhe IDR).

Jeneng iki dijupuk saka valuta India rupee. Sadurungé ing laladan sing karan Indonésia saiki migunakaké gulden Walanda saka taun 1610 tekan taun 1817, nalika gulden Hindia-Walanda kawanuhaké.

Jeneng rupiah sepisanan dipigunaaké kanthi sah nalika diwetokaké valuta rupiah jaman pandudukan Dai Nippon ing Perang Donya II. Sawisé perang rampung, Bank Jawa, palopor Bank Indonésia, ngetokaké Rupiah. Éwadéné Tentara Sakuthu ngetokaké Gulden Nica.

Sauntara iku ing laladan-laladan liya ing laladan sing saiki kaaran Indonésia, akèh sinebar dhuwit sing magepokan karo aktivitas gerilya.

Ing tanggal 2 November, 1949 rupiah dikukuhaké minangka valuta nasional. Ing laladan kapuloan Riau lan Papua, wektu iku isih migunakaké valuta liya. Ing taun 1964 lan 1971 rupiah wiwit digunaaké ing kono.

Ing laladan Timor Wétan, rupiah dipigunaaké saka taun 19762001. Wiwit taun 2001 tekan saiki dipigunaaké dolar AS.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search