Sega kebuli

Aksara Latin
     
Sega Kebuli

Sega kebuli yaiku sega mawa bumbu kang rasané gurih kang ana ing Indonésia. Sega iki dimasak karo kaldu daging wedhus, susu wedhus, lan lenga samin, disuguhaké karo daging wedhus gorèng kadhangkala uga ditambahi irisan kurma utawa kismis. Panganan iki misuwur ing kalangan warga Betawi ing Jakarta lan warga keturunan Arab ing Indonésia.[1] Nasi kebuli nuduhake anané prabawa budaya Arab Timur Tengah lan India Muslim, yaiku tradisi Arab Yaman. Sega iki mèmper sega Biryani.

Sajeroning kabudayan Betawi, sega kebuli lumrahé disuguhaké ing prayaan agama Islam, kaya ta Idul Fitri, Idul Adha, utawa maulid. Sega kebuli uga misuwur ing kawasan kutha kang akèh keturunan Arab-e, kaya ta Surabaya lan Gresik.

  1. http://travel.kompas.com/read/2009/02/21/08230951/nasi.kebuli.gaya.betawi Nasi Kebuli Gaya Betawi

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search