Segara Tengah

Citra satelit

Sagara Tengah, kadhangkala karan Sagara Mediterania ('Mediterrania' tegesé 'dharatan/nagari tengah') iku sagara antarbawana dumunung ing antarané Éropa ing sisih lor, Afrika ing sisih kidul lan Asia ing sisih wétan, nyakup wewengkon kang jembaré 2,5 yuta km².

Ing jaman biyèn, sagara iki minangka jalur lalu lintas kang ramé, kanggo perdaganan lan pertukaran budaya antara wong Mesir, Yunani Kuno, Romawi Kuno lan Timur Tengah. Sajarah Mediterania wigati kanggo mangertèni asal lan perkembangan Peradaban Kulon.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search