Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Simbiosis inggih punika gayutan timbal balik antawisipunkalih makluk hidup ingkang sami gesang sesarengan.[1] Tembung simbiosis asalipun saking basa Yunani, inggih punika sym ingkang tegesipun karo (basa Indonesia dengan), kaliyan biosis ingkang tegesipun panguripan.[1] Dados, simbiosis inggih punika satunggaling pola interaksi ingkang raket antawisipun kalih organisme utawi langkung ingkang jinisipun bènten lan gesang kanthi sesarengan, déné simbion inggih punika aran saking makluk ingkang nindakaké simbiosis.[1] Hubungan antawisipun organisme-organisme punika amarga salah satunggal utawi kalih-kalihipun organisme mbetahaken pambiyantu saking organisme sanèsipun kanggé saged tahan anggènipun gesang ugi supados saged tumuwuh biak.[2]
© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search