Unicode

logo Unicode

Unicode iku siji standar indhustri sing dirancang kanggo ngidinaké tèks lan simbul saka kabèh sistem tulisan ing donya bisa ditampilaké lan dimanipulasi kanthi konsisten déning komputer. Dikembangaké kanthi tandem kanthi standar Universal Character Set lan dipublikasèkaké sajeroning wangun buku The Unicode Standard, Unicode ngandhut siji kumpulan karakter, siji metodologi pengkodean lan kumpulan standar penyandian karakter, siji kumpulan bagan kodhe kanggo réferènsi visual, deskripsi sipat karakter kaya aksara gedhé lan aksara cilik, siji kumpulan data réferènsi berkas komputer, sarta aturan normalisasi, dekomposisi, pembandingan (collation), sarta penggambaran (rendering).

Unicode Consortium, iku siji organisasi nirlaba sing ngoordinasèkaké pangembangan Unicode duwé angkah ambisius supaya bisa nggantèkaké skéma pengkodean karakter sing ana kanthi Unicode lan skéma Unicode Transformation Format (UTF)-é, amarga akèh skéma sing ana saiki duwé kawinatesan ukuran, lingkup lan ora serasi karo lingkungan multibasa. Kasuksesan Unicode nyawijèkaké sèt karakter agawé penggunaané sing amba lan pradominan sajeroning babagan internasionalisasi lan lokalisasi perangkat lunak komputer. Standar iki wis diterapaké ing teknologi-teknologi saiki, kalebu XML, basa pamrograman Java, lan sistem operasi modhèren.

Aksara-aksara Nusantara sing wis duwé standar Unicode yakuwi aksara Bugis, Bali, Rejang, lan Sundha (Kaganga/Pakuan).


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search