Wong Kurdhi

Dwaja Roj sing awujud piringan srengéngé emas

Para Kurdhi (Kurdish: کوردKurd) uga karan wong-wong Kurdhi (Kurdish: گەلێ کوردیGelê Kurdî) iku siji bebrayan[1] ing Wétan Tengah, akèh-akèhé ndunungi laladan sing watesan, nyrambahi pérangan Wétan lan Kidul-Wétané Turki (Kurdhistan Lor), Iran Kulon (Wétan utawa Kurdhistan Irania), Irak (Kidul utawa Kurdhistan Irak), lan Suriah Lor (Kurdhistan Kulon utawa Rojava).[2] Wong-wong Kurdhi budayané lan basané caket gegandhèngané karo wong-wong Irania [3][4][5][6][7] lan uga nduwé tanggalan sing tanggalé saka 612 sadurungé Masèhi, nalika Medes neluk Nineveh, kutha krajané Assyria.[8] Pangakuan minangka turunan saka Median ana ing lagu kabangsan Kurdhi: "awakdhèwè anak turuné Medes lan Kai Khosrow ".[9] Basa Kurdhi wujud siji subkelompoking basa-basa Irania Lor-Kulon.[10][11]

Bangsa Kurdhi, ing sakurebing langit, ana watara 30–32 yuta, bokmenawa nganti 37 yuta,[12] kanthi mayoritas dedunung ana ing Asia Kulon; nanging ana masarakat diaspora Kurdhi sing cukup akèh ana ing kutha-kutha ing Turki Kulon, mligi Istanbul. Sawijining diaspora Kurdhi uga ngembang ana ing nagara-nagara Kulon, kususé ing Jerman. Bangsa Kurdhi iku minangka cacah jiwa mayoritas ana ing wewengkon swatantraning Kurdhistan Irak, lan ing wewengkon swatantraning Rojava, sarta minangka golongan minoritas sing gatèn ing nagara tangga Turki lan Iran, papané obahan nasionalis Kurdhi ngupadi swatantra lan hak-hak kabudayan.

Dhialèk Mukri dienggo ing kutha-kutha Piranshahr lan Mahabad. Piranshahr lan Mahabad loro kutha utama Mukrian.[13]

  1. Killing of Iraq Kurds 'genocide', BBC, "The Dutch court said it considered "legally and convincingly proven that the Kurdish population meets requirement under Genocide Conventions as an ethnic group"."
  2. Kurdish Awakening: Nation Building in a Fragmented Homeland, (2014), by Ofra Bengio, University of Texas Press
  3. John A. Shoup III (17 October 2011). Ethnic Groups of Africa and the Middle East: An Encyclopedia. ABC-CLIO. kc. 159. ISBN 978-1-59884-363-7.
  4. "Kurds". The Columbia Encyclopedia, 6th ed. Encyclopedia.com. 2014. Dibukak ing 29 December 2014.
  5. Izady, Mehrdad R. (1992). The Kurds: A Concise Handbook. Taylor & Francis. kc. 198. ISBN 978-0-8448-1727-9.
  6. Bois, T.; Minorsky, V.; MacKenzie, D. N. (2009). "Kurds, Kurdistan". Ing Bearman, P.; Bianquis, T.; Bosworth, C. E.; van Donzel, E.; Heinrichs, W. P. (èd.). Encyclopaedia Islamica. Brill. The Kurds, an Iranian people of the Near East, live at the junction of more or less laicised Turkey."... We thus find that about the period of the Arab conquest a single ethnic term Kurd (plur. Akrād) was beginning to be applied to an amalgamation of Iranian or iranicised tribes.... The classification of the Kurds among the Iranian nations is based mainly on linguistic and historical data and does not prejudice the fact there is a complexity of ethnical elements incorporated in them.
  7. Barbara A. West (1 January 2009). Encyclopedia of the Peoples of Asia and Oceania. Infobase Publishing. kc. 518. ISBN 978-1-4381-1913-7.
  8. Frye, Richard Nelson. "IRAN v. PEOPLES OF IRAN (1) A General Survey". Encyclopædia Iranica. Dibukak ing 2016-03-04.
  9. Ofra Bengio (15 November 2014). Kurdish Awakening: Nation Building in a Fragmented Homeland. University of Texas Press. kc. 87. ISBN 978-0-292-75813-1.
  10. Paul, Ludwig (2008). "Kurdish Language". Encyclopædia Iranica. Dibukak ing 2 December 2011.
  11. D. N. MacKenzie (1961). "The Origins of Kurdish". Transactions of the Philological Society: 68–86.
  12. Based on arithmetic from World Factbook and other sources cited herein: A Near Eastern population of 28–30 million, plus approximately 2 million diaspora gives 30–32 million.
  13. http://www.dissertation.xlibx.info/d1-other/240081-1-background-the-language-community-and-fieldwork-introduction-the.php

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search