Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
tvOne (sadèrèngipun ingkang nama Lativi) inggih punika sawijining stasiun televisi swasta Indonésia. Stasiun televisi punika dipundhirikaken nalika tanggal 30 Juli 2002 déning pangusaha Abdul Latief. Nalika samanten, konsèp panyungsunan acaranipun inggih punika kathah nengenaken prakawis ingkang ngarah dhateng klenik, erotisme, pawartos kriminalitas lan sapérangan hiburan sanèsipun. Wiwit taun 2006, sapérangan sahamipun ugi kagunganipun Grup Bakrie ingkang ugi gadhah Stasiun Televisi antv.[1]
Nalika tanggal 14 Fèbruari 2008, Lativi kanthi resmi gantos nama dados tvOne, kanthi komposisi 70 persèn pawartos, sisanipun gabungan program ulah raga lan hiburan. Abdul Latief boten malih wonten ing salebeting kapemilikan saham tvOne. Komposisi kepemilikan saham tvOne kasungsun saking PT Visi Media Asia Tbk kanthi saham 49%, PT Redal Semesta 31%, Good Response Ltd 10%, lan Promise Result Ltd 10%. Direktur Utama tvOne sapunika inggih Ardiansyah Bakrie.[2]
© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search