Christopher Eric Hitchens (lair ing Portsmouth, Hampshire, Inggris, 13 April 1949 – pati ing Houston, Texas, Amerika Sarekat, 15 Dhésèmber 2011 ing umur 62 taun) yaiku pengarang lan jurnalis Inggris-Amerika. Ia sapisan dadi kolumnis lan kritikus sastra ing majalah The Atlantic, Vanity Fair, Slate, World Affairs, The Nation, Free Inquiry, lan dadi anggota media ing Hoover Institution ing September 2008. Hitchens asring melu ing acara televisi lan seminar. Ing taun 2005, adhedhasar pemilihan ing majalah Prospect/Foreign Policy, ia dinobatkan minangka intelektual umum kalima ing donya.
Hitchens menika antiteis. Ia nganggep nek konsep Tuhan menika kepercayaan totalitarian sing ngancurke kabebasan wong. Hitchens nulis babagan ateisme lan kritik marang agami ing buku sing nduweni judhul God Is Not Great.
Ing 15 Desember 2011, Christopher Hitchens seda ing MD Anderson Cancer Center, Houston, Texas. Sebab sedane menika radang paru amargi komplikasi kanker sing dideritani.
© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search