Antropologi

Antropologi (/[unsupported input]ænθrˈpɒləi/) iku tegesé ngèlmu sing nitèni patindhakané wong urip karo adat-istiadaté sarta tradhisiné. Èlmu iki duwé asal-usul sajeroning èlmu alam, humaniora, lan èlmu sosial.[1] Istilah "antropologi" saka basa Yunani anthrōpos (ἄνθρωπος), "manungsa", lan -logia (-λογία), "wacana" utawa "studi", lan pisanan dipigunakaké taun 1501 déning filsuf Jerman Magnus Hundt.[2]

Kawigatèn dhasar Antropologi ya iku "Apa sing ndhéfinisikaké Homo sapiens?", "Sapa nenek moyang Homo sapiens modhèren?", "Apa ciri-ciri fisik manungsa?", "Kepriyé patindakané manungsa?", "Ngapa ana variasi lan prabédan antarané golongan-golongan sing béda saka manungsa?", "Kepriyé mangsa kapungkur évolusi saka Homo sapiens diprabawai organisasi sosial lan budaya?" lan sapanunggalé.

Ing Amérika Sarékat, antropologi kontèmporer racaké dipérang dadi papat sub-babagan: antropologi budaya (uga diarani "antropologi sosial", arkéologi, antropologi linguistik, lan antropologi fisik (utawa biologi).[3] Panyerakan "papat-babagan" antropologi disajèkaké ing akèh buku tèks kasarjanan[4] sarta program antropologi (tuladhané ing Michigan, Berkeley, Penn). Ing universitas-univrsitas sing ana ing Inggris, lan akèh ing Éropa, "sub-babagan" iki asring dipapanaké ing départemèn kapisah lan dideleng minangka disiplin èlmu sing béda.[5]

Sub-babagan sosial lan budaya wisbanget diprabawai déning téyori strukturalis lan pasca-modhèren, uga minangka pagèsèran menyang arah masarakat modhèren (ajang luwih mirunggan sajeroning komit para sosiolog). Sakwéné taun 1970an lan 1980an ana pagèsèran epistemologis adoh saka tradhisi positifisme sing sapérangan gedhé digenahaké disiplin.[6] Sakwéné pagèsèran iki, pitakonan-pitakonan suwé ngenani sipat lan prodhuksi kawruh muncul ngisi papan utama sajeroning antropologi budaya lan sosial. Béda karo, arkéologi, antropologi biologi, lan antropologi lingustik sapérangan gedhé isih positivis. Amarga pabédan ing epistemologi, antropologi minangka disiplin duwé kekurangan kamanunggalan suwéné sapérangan dasawarsa akir-akir iki. Masalah iki uga wis njalari départemèn nyimpang, minangka conto nalika taun akademik 1998–9 ing Univèrsitas Stanford, ing ngendi "para èlmuwan" lan "non-èlmuwan" kapérang dadi rong départemèn: èlmu antropologi lan antropologi budaya & sosial;[7] départemèn iki banjur digabung manèh nalika taun akademik 2008–9.[8]

  1. Wolf, Eric (1994) Perilous Ideas: Race, Culture, People. Current Anthropology 35: 1-7. p.227
  2. Dieserud, Juul (1908) The Scope and Content of the Science of Anthropology London:Open Court Publishing ISBN 0-8021-3943-4
  3. AAAnet.org
  4. (Kottak, C)
  5. Layton, Robert (1998) An Introduction to Theory in Anthropology. Cambridge: Cambridge University Press.
  6. Geertz, Behar, Clifford & James
  7. Stanford University Bulletin 1998-1999 pg. 213, Sul-derivatives.stanford.edu Archived 2017-11-14 at the Wayback Machine.
  8. Stanford University Bulletin 2007-2008 pg. 269

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search