Banyu

Banyu ing telung fase: cuwèr, padhet, lan gas (minangka méga).

Banyu iku senyawa kang wigati kanggo kabèh wangun kauripan kang dikawruhi nganti tekan saiki ing bumi,[1][2][3] nanging ora ing planit liya.[4] Banyu disimbolaké kanthi H2O.[5] Cacahé banyu kang nutupi bumi ngancik 71%. Ana 1,4 triliun kilomèter kubik (330 juta mil³) ing bumi.[6]

Banyu bisa awujud gas (uwap banyu), cuwèr (banyu) lan padhet (ès).[7] Banyu iku siji-sijiné dat kang kanthi alami ana ing lumahing bumi sajeroning katelu wujud mau.[8] Banyu sapérangan gedhé ana ing sagara (banyu asin) lan ing lapisan-lapisan ès (ing kutub lan pucuk-pucuk gunung), nanging uga bisa ana minangka méga, udan, kali, lumahing banyu tawa, tlaga, uwap banyu, lan sagara ès. Banyu sajeroning obyèk-obyèk mau obah miturut sawijiné pangitiran banyu, ya iku: liwat panguwapan, udan, lan ilènan banyu ing sadhuwuré lumahing lemah (ilèn, kalebu tuk, kali, muwara) tinuju sagara.

Banyu resik wigati kanggo kauripan manungsa. Sembrana anggoné nangani banyu, bisa ndadèkaké golèk banyu dadi angèl, monopolisasi, sarta privatisasi lan malah njalari crah.[9]

Indonésia wis duwé undhang-undhang kang ngatur sumber daya banyu wiwit taun 2004, ya iku Undhang Undhang nomer 7 taun 2004 ngenani Sumber Daya Banyu.

Saliyané ing bumi, sapérangan gedhé banyu uga diprakirakaké ana ing kutub lor lan kidul planit Mars, sarta ing mbulan Europa lan Enceladus.

  1. Philip Ball, Water and life: Seeking the solution, Nature 436, 1084-1085 (25 August 2005) | doi:10.1038/4361084a
  2. Water - The Essential Substance, Experimental Lakes Area, University of Manitoba
  3. What are the Essential Ingredients of Life? Archived 2014-06-06 at the Wayback Machine., Natural History Museum, California Academy of Sciences
  4. Steven A Benner, Water is not an essential ingredient for Life, scientists now claim, SpaceRef.com[pranala mati permanèn], uplink.space.com Archived 2007-11-09 at the Wayback Machine.
  5. [Michael Kwan, Prototype car runs 100 miles on four ounces of water as fuel, Mobile Magazine Thursday June 1, 2006 6:41 AM PDT]
  6. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2007-06-06. Dibukak ing 2011-03-03.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  7. [Peter Tyson, Life's Little Essential, NOVA, Origins, July 2004]
  8. Peter Tyson, Life's Little Essential, NOVA, Origins, July 2004
  9. H.E. Msgr. Renato R. Martino, Water, an Essential Element of Life, A Contribution of the Delegation of the Holy See on the Occasion of the third World Water Forum, Kyoto, Japan, 16th-23rd March 2003

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search