Basa Arab Mesir

Basa Arab Mesir
مصري Ma
Pronunciation [mɑsˁɾɨ]
Dituturaké ing Mesir lan sawetara nagara liyané
Gunggung panutur 76.000.000 + [1]
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Sistem tulisan Huruf Arab
Kodhe basa
ISO 639-1 None
ISO 639-2 arz
ISO 639-3 arz

Peta


Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Basa Arab Mesir (Ma مصري) iku sawijining dhialèk basa Arab saka pang basa Semitik kulawarga basa Afro-Asiatik. Basa iki munculé ing Dèlta Kali Nil ing Mesir Hilir sakiwa-tengené ibukutha Kairo. Basa iki diturunaké saka basa Arab sing digawa para laskar Islam ing abad kaping 7 sing naklukaké Mesir. Ing patuwuhan sabanjuré, basa iki ngalami pangaribawa mligi saka Basa Mesir-Koptik sing pribumi[2][3][4] lan sawisé iku basa-basa liyané, kaya ta basa Turki, basa Prancis lan basa Inggris. Basa Arab Mesir dicaturaké déning punjul 76 yuta jiwa ing Mesir.[1] Basa iki uga dingertèni ing saindhenging Donya Arab déning posisi média massa Mesir sing kuwat. Bab iki nggawé basa Arab Mesir sawijining varian basa Arab sing akèh dhéwé dicaturaké lan uga salah siji sing akèh disinaoni.

Istilah basa Arab Mesir lan Masri lumrahé ditrapaké bebarengan karo "basa Arab Kairo", dialèké ibukutha Mesir. Jeneng nagara iki Mar, déning sing ndunungi lokal uga dienggo ngrujuk jenengé ibukutha. Situasiné mèmper basa Prancis Paris sing dominan dhéwé inh Prancis. Sanadyan basa Arab Mesir mligi sawijining basa sing dicaturaké waé, basa iki uga tinemu ditulis ing sawatara roman, sandiwara, tembang lan komik, iklan, sawatara koran lan transkripsi sawatara lagu-lagu populèr. Ing média massa katulis liyané lan ing warta berita TV, Basa Arab Baku Modèrn sing dienggo. Basa Arab Mesir lumrahé ditulis mawa Huruf Arab kanggo wong-wong lokal, nanging kerep dialihaksarakaké ing aksara Latin utawa IPA ing buku-buku linguistik lan buku-buku pasinaon kanggo wong-wong asing.

  1. a b Egyptian Arabic Archived 2015-03-20 at the Wayback Machine. UCLA Language Materials Project
  2. Nishio, Tetsuo. "Word order and word order change of wh-questions in Egyptian Arabic: The Coptic substratum reconsidered". Proceedings of the 2nd International Conference of L'Association Internationale pour la Dialectologie Arabe. Cambridge: University of Cambridge. 1996, pp. 171-179
  3. Bishai, Wilson B. "Coptic grammatical influence on Egyptian Arabic". Journal of the American Oriental Society. No.82, pp. 285-289.
  4. Youssef (2003), below.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search