Basa Iban

Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Basa Iban
Dituturaké ing Malaysia, Indonésia
Wilayah Sarawak, Kalimantan Kulon
Gunggung panutur 800,000
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Kodhe basa
ISO 639-1 None
ISO 639-2 iba
ISO 639-3 iba

Basa Iban yaiku basa kang dituturaké déning wong Iban ing laladan Kalimantan Kulon, Indonésia lan Sarawak, Malaysia[1][2]. Basa kang ana ing rong negara iki kalebu ing keluwarga basa Malayik. Wong Iban ing Indonésia dumunung ing Kabupatén Kapuas Hulu, Sanggau, lan Sintang (Kecamatan Sekayam). Teges tembung Iban iki miturut Tjilik Riwut yaiku “wong”. Basa Iban dipandum ing dhialék-dhialék. Miturut Tjilik Riwut ana dhialék Balau, Shang, Saribas, Undup, Kumpang, Sebujau, Seru, Kanowit, Empran, lan Gaat.

Basa Iban isih dienggo ing pasrawungan masarakat ing wates Sarawak lan Kalimantan Kulon. Liyané iku, basa iki uga dienggo ing acara agama, rapat, lan kulawarga. 

  1. "Iban". Ethnologue.
  2. Kamal, Mustafa, dkk (1991). STRUKTUR BAHASA IBAN. Jakarta: PUSAT PEMBINAAN DAN PENGEMBANGAN BAHASA DEPARTEMEN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search