Basa Rejang

Basa Rejang inggih punika basa ingkang dipun-ginakaken wonten ing kabupatèn Rejang Lebong, kabupatèn Bengkulu Ler, kabupatèn Lebong, lan kabupatèn Kepahiang; samukawis kalebet ing tlatah Provinsi Bengkulu, Indhonesia. Basa Rejang gadhah aksara piyambak ingkang kawentar minangka aksara Kaganga. Aksara Kaganga mèmper kaliyan aksara sanèsipun kados aksara Batak lan aksara Lampung.

Basa Rejang dipunperang dhumateng tigang klempak dhialèk, inggih punika dhialèk Rejang Curup, Rejang Kepahiang, lan Rejang Lebong. Dhialèk ingkang dipunpocapaken wonten ing kabupatèn Bengkulu Lèr kalebet ing dhialèk Rejang Curup.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search