Bendi

Bendi
Buah diwasa dan buah mudha bendi
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Malvales
Famili: Malvaceae
Génus: Abelmoschus
Spésies: A. esculentus
Jeneng binomial
Abelmoschus esculentus
(L.) Moench
Okra Liberia

Bendi utawa okra (Abelmoschus esculentus Moench, (Inggris: lady's fingers utawi Inggris: gumbo) inggih punika salah satunggaling jinis tuwuhan kanggé wiji tertutup ingkang kalebet saking suku Malvaceae ingkang asalipun saking laladan kawasan Ethiopia. Kala rumiyin, tuwuhan punika kalebet ing génus Hibiscus, nanging sapunika sampun kalebet génus Abelmoschus ingkang kathah kapanggih ing laladan tropis. Tuwuhan bendi inggih kalebet tuwuhan ingkang saged nyehataken badan amargi tuwuhan punika ngewrat kandhungan gizi ingkang inggil kados ta fiber, vitamin C, lan folate. Tuwuhan bendi ugi misuwur gahdah antioxidant ingkang inggil. Bendi ugi dados sumber kalsium saha potassium ingkang saé.[1] Agengipun tuwuhan bendi punika sak ageng lombok ijo ingkang ageng- ageng, déné ing sak kiteripun nglekuk - nglekuk, wonten wulunipun ingkang alus lan wernanipun ijem. Manawi tuwuhan punika dipunkethok - kethok badhé katingal wiji- wijinipun ingkang alit- alit. Lan manawi dipunmangsak badhé medal yiyid saking lebetipun. Raosipun eco, renyih, teksturipun kados terong. Janganan punika padatanipun saged dipunolah dados kari, balado, campuran salad utawi dados tumis.

  1. Duvauchelle, Joshua (26 Mèi 2011). "Okra Nutrition Information". LiveStrong.com. Dibukak ing 27 Januari 2013.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search