Hyang

Tembung Hyang ngrujuk ing satunggiling Dat Abadi lan Supernatural, limrahipun dipunwastani ngawasi lan mréntah manungsa lan alam semesta utawi jagat raya. Prakawis punika saged ugi dipun-ginakaken kanggé ngrujuk ing sapérangan konsèp-konsèp ingkang mempèr kaliyan prakawis punika umpaminipun satunggiling wangun ènèrgi utawi kasadaran ingkang ngrasuk ing sadaya alam semesta, ing pundi kawontenan Hyang ndamel alam semesta wonten; sumber sadaya ingkang wonten; Kebajikan ingkang saé piyambak lan paling inggil ing sadaya makluk gesang; utawi punapa kémawon ingkang boten saged dipunmangertos utawi dipunjelasaken.

Kathah tapsir tumrap asma “Tuhan” punika ingkang sami tetentangan satunggal lan satunggalipun. Punapa punika teges ingkang leres? Éwadéné kapercayaan dhumateng “Tuhan” wonten ing sadaya kabudayan lan peradaban, nanging tegesipun bènten-bènten.

Tembung Tuan ugi kathah caket tegesipun kaliyan tembung Tuhan, ing pundi Tuhan ugi wujud majikan utawi juraganipun alam semesta. Tuhan gadhah hamba sauntara Tuan gadhah sahaya utawi budak.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search